BRAYAN SENAJAN BETHAKAN
oleh : Hamidin Krazan
Wis adu arep
Urung karep
Lambemu menjep
Senajan ngulungi
duren gigal keliwat wangi
Kesalahe inyong siji
Orang nglangi tekan jero ati
Ora ngerteni pamali
Ora ngerteni minangka bocah ayu lairan wingi
Beda dalane ngaji
Karo padatan kaki nini
Senajan duren rasane ngungkuli
dekimput kempol widadodari
Ning emoh ya aja dewadani
Ora doyan sih. Piwe maning.
Sing wigati ayuh medang bareng
Senajan beda sing dekenyoh neng pikiran lan ati.
Pekuncen, 2 Januari 2025

Belum ada Komentar untuk "BRAYAN SENAJAN BETHAKAN "
Posting Komentar