Tajug Rujug, Santri Mrebes Mili
Bangunan langgar tahun 1990-an (Foto dok emadura.com)
Dening: Susanto *
Merhatikna kahanan negara kelebu perpolitikan dina-dina siki, ngemutna pituture si kaki jaman ganu. Jerene mengko nek wis wayahe, mbesuk bakal teka jaman nalikane 'tajug rujug, santri mrebes mili'. Paribasan mau bisa detegesi kanthi cendhek menawa akeh tajug (panggonan ngibadah), ningen akeh santri sing padha nangis. Kuwe temtune mung penemune wong sing esih awam.
Ningen angger paribasan mau depikir kanthi pratitis tur wasis, mangka bakal detemukna teges kang lewih jero. Piturure si kaki nini mau ngemu surasa, anane ramalan jaman semana kanthi siki. Paribasan mau ora kacek adoh karo ramalane wong wasis sing nganani jaman edan. Jaman sing akeh owah-owahan sing ora tinemu ngakal.
Tajug rujug, sing tegese panggonan sembahyang sing kerep, akeh, njacrah bisa ditegesi akeh wong pinter neng babagan agama lan unggah-ungguh. Bisa detegei uga akeh pituduh karo penemu sing ngatur paugeran urip dunya akhirat. Ningen kahanan mau ora bisa njamin santri, wong awam sing padha ngaji maring wong pinter bakal tentrem lan bungah. Mrebes mili, minangka tandha menawa akeh wong sing padha bingung golet cekelan karo paugeran urip.
Mula tajug rujug, santri mrebes mili uga bisa detegesi menawa akehe wong pinter ora njamin kahanan sing tentreming urip bebrayan. Merga dina-dina siki akeh umat sing padha bingung menawa akeh pemimpin karo wong pinter sing kena godha lan cidra. Ora jaminan wong sing ngerti agama, paugeran urip bakal slamet sekang godhane dunya brana, wanita karo tahta. Telung perkara mau pancen duwe penggodha sing gedhe tur angel deilari, deadohi tumprape wong sing mikir kadunyan.
Wis akeh wong pinter ngomong babagan negara, agama, filsafat ningen jebule bareng lungguh nduweni kekuasaan kelalen marang wong cilik. Akehe panggonan pangibadahan jebule ora njamin wong padha emut karo paugeran urip. Ganjaran karo landrat sekang Gusti Alloh, kayane mung dadi pangucap neng lambe, ora tekan ati lan batin. Mulane tumindak 'ma lima' kayata korupsi, selingkuhan, mateni, madon karo liyane wis ora gamam delakoni para penggedhe.
Kahanan politik dina-dina siki uga mbingungna wong cilik. Wong cilik sing ngrumangsani bodho, bisane mung cekelan maring wong pinter. Apamaning akehe wong gedhe pinter goli awah janji manis. Jarene arep ora korupsi, ora ngapusi, lempeng mempeng bakal mbelani rakyat karo negara. Ningen kenyataane akeh wong cilik sing padha kuciwa, getun bareng weruh tumindake para pemimpin sing nylentha sekang jalur kebecikan urip.
Mulane sapa bae sing olih amanat dadi pemimpin kudu teguh cekelan waton. Debisaa bisa rumangsa, menawa pemimpin kuwe sejatine mung rayate, pelayane, pamomonge rakyat. Debisaa pemimpin kuwe dadi kayuning urip sing bisa go sendhean, perlindungan, pengiyup-iyup wong sing susah. Aja kosok baline, pemimpin sing sumendheh meng kayu ketungkul. Ketungkul tumindak ala, cidra karo sepadha-padha, pungkasane bakal nemu cilaka. Agama debisaa ditegesi ageming aji, sing tekan ati, udu mung dadi kembang lambe karo kedhok.
Tajug rujug santri mrebes mili kuwe sebenere dadine pengeling-eling kaki nini ngadhepi jaman akhir. Pituture si kaki mercayani angger akeh wong sing nylentha, nyimpang sekang paugeran urip bakale kena benduning Gusti Allah Pangeran. Bendu mau ora mung keterima neng alam dunya ningen uga neng alam akherat. Wong Jawa sing duweni agama kudu percaya, ngandel apa sing ana ning agama.
Sing badhag mrojol, sing lembut ngeri uga dadi pengeling-eling kanggo wong cilik. Menawa dunya kuwe ora liya kaya ayakan utawa saringan bener karo luput. Saringan kebecikan kuwe ora mandhang, ora ndeleng sapa wong sing agep desaring. Wong gedhe, wong cilik, wong pinter karo bodho ora jamin. Sing mbedakna kuwe mung kebeneran karo kebecikan. Wong gedhe kang luput bakale mrojol kenang bendu cilaka. Ningen senajan cilik melik ningen duwe kebecikan, bakale slamet tur olih kabegjan-kamulyan.
*Susanto, jurnalis Suara Merdeka. Tulisan ini pernah dimuat di Rubrik Pamomong, HU Suara Merdeka 2014.
Belum ada Komentar untuk "Tajug Rujug, Santri Mrebes Mili"
Posting Komentar