Cerkak : Dhengkil Wedhus
![]() |
Gambar ilustrasi kambing (Sumber Royal Tumpeng) |
Mung Kang Daris karo nyong sing ngerti ceritane kiye. Cerita sing pirang tahun kedaden bolan balen angger saben dina kurban teka. Cerita sing kedaden kawit inyong dadi bakul bakso neng kampung kiye.
Dadi ceritane angger saben dina kurban teka, dadi dina bungah wong kampung kiye. Mergane kabeh wong keduman bagian daging kurban wernane sapi utawa wedhus. Ningen sing paling bungah ujare nyong kuwe Kang Daris. Ujare Kang Daris sing bungah neng dina bada uga nyong.
"Mas, engko angger nyong olih bagian daging sapi njenengan gelem nampani ya?" takone Kang Daris wektu malem takbiran Bada Aji wingi.
Inyong mung jawab manthuk. Ngiyani. Apamaning wis patang tahunan Kang Daris biasa adol daging sapi kurban maring inyong. Ningen goli njujugna daging wis gagat dina peteng. Biasanya Kang Daris ngepit. Daging sapi kurban bagiane debuntel plastik ireng.
Kaya biasane Kang Daris, nuruti welingku menawa jujug daging sapi kurban metu tung pedagang. Gagate Kang Sungeb adzan magrib biasane Kang Daris wis butul. Inyong ngandel baen sepirane bobote daging sapi sing deomongna karo dewehna Kang Daris.
"Kiye ana 2 kilo Mas," kaya kuwe contone tahun wingi pas Kang Daris aweh wayah sendhekala kae.
Inyong ya seneng baen nampani dol-dolan daging sapi Kang Daris. Mergane daginge esih seger. Ningen sing lewih penting, regane ya lewih murah sega rega pasar kaya umume. Pancen wayah 4 dina bar dina kurban, inyong ya ora dagang bakso. Mergane mbok pelanggane padha mblenger daging. Dadi daging padolane Kang Daris teksimpen neng kulkas, nggo degiling mengko wayah angger arep dodolan bakso.
"Kesuwun banget Mas," kaya kuwe semaure Kang Daris nampani bayaran dhuwit daging sapi kurban sing dedol meng inyong. Pas tahun wingi, ndilalah dina kurban pas barengan karo kelulusane MTse si Maryati anake Kang Daris ning nomer telu. Dhuwit bayaran kuwe jerene arep nggo mbayar wisudahan, tepate nyewa klambi karo urunan wisudhahan.
***
Wayah wengi takbiran neng Mesjid Al Falah, panitia kurban padha kumpulan. Ustadz Mukti mimpin musyawarah persiapan dina kurban. Kang Sungeb ngetung wong pira sing arep kurban karo kurban apa baen. Pak Supri sing dadi sekretaris nulis. Inyong dadi bendahara sing ngumpulna dhuwit karo mbagi ongkos nggo panitia kurban ngesuk.
"Sedulur, kiye evaluasi sing tahun sedurunge, kepriwe angger tahun kiye pembagian daging kurban degawe kelas miturut cacah jiwa neng umah. Daging dejujug-jujugna baen, dadi wong-wong gari nunggu neng umah," kaya kuwe penemune Ustadz Mukti.
"Setuju kuwe Tadz, mergane kaya tahun-tahun sedurunge ana wong sing dhobel-dhobel goli nampani daging kurban. Ningen ana uga sing keliwat ora nampani, akhire ana sing mburu maning njaluk daging kurban maring panitia dina sorene," semaur Kang Sungeb.
Akhire desetujuni menawa bagian daging kurban sapi karo wedhus dicampur. Bagian nggo sing kurban paling akeh sepertelu. Umah sing isi 1-4 jiwa, mlebu kelas 1 sing olih 8 ons daging. Umah sing isi 5-6 kelas 2, olih 1 kilo daging. Kelas 3, sing jiwa lewih sekang 7 wong, olih 12 ons daging.
Udu mung kuwe siki pembagian daging kurban delakokna petugas saben RT. Saben RT detunjuk petugas pembagi. Sing mbagi ya olih bagian kelas 1 utawa 8 ons daging. Kejaba kuwe balung karo jeroan ya decampur nggo imbuh-imbuh.
***
Dina bada kaji teka. Kiai Rohman ngimami, Ustadz Umar khutbah. Jemaah bada aji rame nekani melu sembahyang ied karo ngrungokna khutbah. Bocah padha pating jlerit nggleweh. 7 wedhus karo 7 sapi sing arep desembeleh wis kecancang ning pathok pring-pring jejer umahe Kiai Daiman.
"Neng dina mulia kiye aja ngasi ana wong mlarat ora bisa ngrasani enake empuke daging kurban. Mulane sing sugih wajibe padha kurban. Sabdane Kanjeng Nabi, sapa wonge sing wis mampu ningen ora kurban, jere ana perek-perek karo panggonan sujudku," kaya kuwe isine khutbah.
Krungu kaya kuwe Ustadz Mukti, Kang Sungeb karo Pak Supri sing jagong neng barisan jemaah ngarep mung manthuk-manthuk.
"Dadi ora ana alesan ana wong jaluk daging kurban detolak. Sing dadi panitia kudu bener-bener nggatekna, aja ngasi ana wong se kampung kene ora kebagian daging kurban," imbuhe Ustadz Umar wektu khutbah.
Babagan isi khutbahe Ustadz Umar kuwe panitia kurban wis padha paham. Ningen kedadian neng lapangan cok beda karo ora gampang decerita. Senajan wis ana panitia kurban ana baen kedadian kayata, jeroan sing keri utawa dekerikna neng kali.
Dengkil utawa lumping sing padha ilang. Kuwe ora sepiraha. Sing mumeti kuwe angger anu ana wong sing bola bali njaluk daging kurban.
Nah, inyong ngerti kelakuane Kang Daris sing ping pirang tahun kiye bola balik maring mesjid, njaluk daging kurban. Njaluke maring nyong dhewek sing dadi panitia. Pertamane sing teka anake, sing keloro bojone, sing ketelu Kang Daris dhewek.
Ningen alesane Kang Daris njukut nggo tanggane Yu Sikem sing lumpuh ora teyeng mlaku. Mbanengan tahun wingi, Kang Sungeb ya jujugi Yu Sikem. Inyong ya mung meneng baen. Apa iloken Kang Daris njukut nggo dhewek kabeh? Ningen jere Kiai Rohman, wong aja dakwen nudhuh tanpa bukti. Apamaning daging sing dedol maring nyong tahun wingi uga mung sebagian thok? Apa ndean dedol maring wong liyane? Inyong ora ngerti.
Sing penting bada aji tahun kiye, panitia wis mbagi kelas sing nampani daging kurban miturut jumlah anggota keluwarga.
***
7 sapi, 7 wedhus wis desembeleh kabeh. Sapi wedhus dekelet, sampile wis dethethel. Jeroan dewadhahi gondhek degawa Kali Kawung dekumbah. Ustadz Mukti karo Kang Sungeb ngetung, nggunggung pirang kilo cacahe daging sekang 7 sapi karo 7 wedhus kurban. Ndilalah bareng deetung pas banget etungane.
Bar bedhug duhur, daging kurban wis debunteli dening panitia. Petugas pembagi daging kurban wis padha teka mbageni daging kurban. Neng dina kiye gagate wayah asyar daging kurban wis kebagi kabeh. Ustadz Mukti ngguyu njenggeweh bungah, urusan etungan pembagian daging kurban wis beres kabeh.
"Alhamdulillah. Taun ngesuk kaya kiye maning ya sedulur. Kesuwun kabeh sing wis gelem nyengkuyung acara kurban tahun kiye. Njaluk ngampura angger ana salah lupute nyong ya maring panitia kabeh," kaya kuwe Ustadz Mukti.
Panitia kurban uga wis debageni. Sing nyembeleh olih bagian separo ndhas sapi sing dekepluk. Liyane kaya ndhas wedhus, dengkil, lumping karo liyane uga debageni. Kang Daris tahun kiye uga dadi panitia. Kang Daris olih bagian dengkil wedhus.
***
Sedurung magrib wayah arep sendhekala, krungu wong dhodhog-dhodhog lawang pedangan mburitan umahe nyong. Ndilalah inyong sing lagi neng bale dadi ora krungu.
"Pak, ana Kang Daris neng mburi. Miki aweh kiye," Siti bojone nyong ngomong kambi nidhokna buntelan plastik daging kurban.
"Mbok dhewek wis olih bagian daging kurban Pak," bojone nyong takon maning.
"Iya, kuwe tambahan nggo nyong panitia inti," semaure nyong nutupi. Inyong kepaksa nglombo bojo supaya ora bisa berisik.
Babagan inyong tuku daging sapi kurban sekang Kang Daris pancen rahasiane nyong karo Kang Daris. Bojo ora cawe-cawe. Mbuh angger bojone Kang Daris.
Ora ganti suwe bar Kang Daris njujugi daging sapi kurban, inyong langsung mangkat maring mesjid. Sedurung butul mesjid, inyong mampir disit maring nggone Kang Daris njujugna bayaran daging kurban dodolane Kang Daris.
Inyong metung pedangan kanggo nemoni Kang Daris. Ndilalah lawang pedangan ora dekunci. Ambu sangit langsung mlebu cungure nyong. Senalika nyong mlebu pedangan, nyong weruh Kang Daris karo Udin anake sing cilik dhewek neng ngarep pawon.
Kang Daris nyekel semprong kambi ndamu. Bangba blokeng sing mrengangah katon abang. Udin nyekel dhengkil wedhus. Neng amben ana Yu Sodah, lagi ngeriki telu dhengkil wedhus sing geseng.
"Kula nuwun," inyong permisi. Krungu kulanuwun, Kang Daris njimprak. Bangba sing lagi kedamu mubyar, padha mletik termasuk awune sing neng pinggir pawon. Kang Daris langsung menyat.
"Kang, apa bagian daging kurbane rika dedol kabeh maring inyong," inyong kocap ora krasa takon maring Kang Daris.
Kang Daris mung manthuk karo nyengir kecut. Udin karo Yu Sodah uga mung mlongo ndelengna nyong, kaya kapitenggengen. Nyong ya tiron meneng, kemutan rong dina sedurung bada aji, Kang Daris nyilih dhuwit nggo ndaftarna sekolah Udin maring MTs. Caya daging kurban. ***
Cerkak ini pernah dimuat di Majalah Banyumasan Ancas, Juli 2024
Belum ada Komentar untuk "Cerkak : Dhengkil Wedhus"
Posting Komentar