Gurit Wanto Tirta : Mantane Dhewek

 



Wanto Tirta

MANTANe DHEWEK

 

Dadi mantan kudu disyukuri

Amanah rampung tekan titi wanci

Pasrah pegawean ihlas tuwuh ning ati

Ora melu cawe-cawe lan ngrusebi

 

Gawe rikuh karo sing njuguli

Kadhang kikuk ngangel-ngangeli

Mbubrah tatanan jiretan diudari

Aturan sing mapan terus diakali

Neng kene tah ora, kuwe crita mbuh neng ngendi

Aja derasa depenggalih apa maning tekan ati

 

Dadi mantan kudu disyukuri

Merga akeh pejabat ora bisa turu lali

Kenang goda masalah korupsi

Urung rampung malah mlebu bui

 

Nalika njabat pertama gagah lan pengaji

Ngangkat sumpah ngucap janji

Neng ngarep pejabat lan gusti illahi

Ora kena kkn apamaning korupsi

 

Mbareng dadi akeh setan klawad kliwid

Cekakak cekikik padha gombali nawani

Maune rikuh lan wedi maring jaksa lan polisi

Suwe-suwe ora tahan kegawa keli

Liwat kebijakan aturan diakali

Demi sesuap nasi kanthonge dhewek isi

Neng kene tah ora, kuwe crita mbuh neng ngendi

Aja derasa depenggalih apa maning tekan ati

Mengko bisa lara ati banjur frustasi bunuh diri

Dus gusti diilari aja ngasi

 

 

Dadi mantan kudu sing lega

Nglepas jabatan atine bungah

Ngguyu ramah ora prelu susah

Najan getun kelingan setoran njeprah

Angger dewadhahi akehe setampah

Kuwe neng kana-kana, neng kene tah ora

Mula aja dirasa mbok gawe ati lara

 

Dadi pejabat apike sing merakyat

Aja ningrat lan gila hormat

Mbok rampungane kewalat

Mlaku-mlaku ora ana sing sambat

 

Mula eling pejabat digaji neng rakyat

Nyambut gawe kanggo kepetingan masyarakat

Supaya makmur urip ora kesrakat

Pensiun dadi pejabat esih olih ormat

 

Inyong kelingan ana pejabat pensiun bali desa

Dadi bakul peso nggelar lapak neng dunia maya

Teyeng guyon tindak tanduke sederhana

Kupluke miring ceplas ceplos olih ngendika

Mulane nate keclethok nalikane dialog mahasiswa

Ujare pilihane padha jebulane beda

Dunia maya geger pejabat kuwe viral neng endi ora

Ditakoni wartawan mung mesem gawe wong padha kesengsem

Najan katon pasuryane madan lingsem

 

Neng ati esih nggelalur kebecikan

Ngalor ngidul ndandeng lan lelungan

Kenangan ora bisa uwal lan ilang

Turu kemutan nganti ngimpi julalatan

Agine brayan nggulawentah warga

Bantu binanti babagan kebecikan

Eling tineling mungguh urip slamet neng bebrayan

Najan tau dadi topic pembicaraan neng tivi lan Koran

Merga usul angger kpk ott aweh ngerti dhisit utawa dinei kabar

 

Becik ketitik ala ketara ngelingi barang apik sing ala disingkirna

Maring wong tuwa njunjung dhuwur mendhem jero

 

Sewetara krungu jere esih duwe gegayuhan

Masang wuwu neng mangsan pemilu

Pengin dadi dewan neng pusat nduwuran

Inyong dedonga moga-moga kaleksanan

 

Neng ati karo grundelan jebule esih kurang

Batir inyong nylethuk pancen jabatan padha nggo iunceran

Kejaba pengabdian uga akeh saweran

 

Jenang ketan pisang rawun

Tambah utri nggo sandhingane

Kagem mantan matur nuwun

Awit bekti lan pengabdiane

 

17112023

*kenangan kagem Rama AH

sastrapinggiran.id Web blog ini adalah ruang inklusif untuk dokumentasi karya literasi yang dikelola Komunitas Sastra Pinggiran. Anda bisa bertanya dan berbagi kiriman karya baik cerpen, cerkak, puisi, guritan, esai bisa dikirim ke : red.sastrapinggiran@gmail.com

Belum ada Komentar untuk "Gurit Wanto Tirta : Mantane Dhewek"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel